SIMBAHKU SAYANG
Sak
meniko sampun dinten preian sekolah. Lare-lare sekolah podho prei kabeh. Wis podho nrimo raport
dhewe-dhewe. Ugo Sari lan Doni. Bapak lan Ibu duwe kekarepan ngajak sari lan
Doni tindhak datheng daleme Simbah wonten Dhusun. Mongko ditimbali Sari lan
Doni kanggo diparingi weroh.
“
Wonten nopo Bapak ngaturi kulo kaliyan Doni?” Ujare Sari
“
Sari, Doni, bapak lan ibu duwe kekarepan ngajak menyang omahe Simbah nang dhusun.
Kepriye sliramu?”
“
Datheng daleme Simbah, Pak? Wah ati kulo bunga sanget Pak. Sebabe sampun dangu
Kulo mboten sowan datheng Simbah.” Sari
sumringah sanget.
“
Mboten Bapak, Ibu. Kulo mboten remen sowan Simbah.” Doni mecucu.
“
Geneyo Cah Bagus, kok ora susah banget diaturi menyang omahe Simbah.” Ujare Ibu
“
Enggeh ibu, mangke datheng daleme Simbah mboten wonten listrik, pas dalu mangke
petheng ndedet. Terus Kulo mboten saged
dolanan PS, internet lan ningali TV. Sepi mimreng ngoten Ibu.” Mirengake ujare
Doni, Ibu kaliyan Bapak podho nguyu cekikikan.
“
We alah PS, internet, TV wae di susahake. E, Don, menyang omahe Simbah iku iso
dolan menyang kali, sawah. Lapangan yo jembar iso bal-balan mengko nang kono
ora kathek bayar. Enak to…”
“
Benar ujare Mbakyumu kuwi, Don.” Sahute Bapak
“
Lha wong omahe Simbah saiki wis ora koyok ndisik Cah
Bagus.” Diaturi bapake, Doni meneng wae. Ora ngomong opo-opo.
“
Yo wis. Yen
Doni ora gelem melu, mengko tunggok omah dhewe yo?”
“
Mboten Bapak, Doni ngge mboten wanton piyambakan ten griyo. Nggepun kulo tumut
sowan dhateng daleme Simbah.”
Diujari
yen ora melu menyang omahe Simbah ora po-po, nanging ing omah dhewe. Doni
langsung wangsulan gelem menyang omahe Simbah. Bapk, Ibu lan Sari podho mesam
mesem ngaweruhi polahe Doni.
“
Yo wis. Yen
ngunu sak iki ndang ditatai sing gawa sesuk. Banjur ndang turu. Supoyo sesuk
ora kerinan.”
“
Inggih, Pak, Bu.” Sari lan Doni banjur mlebu kamare dhewe-dhewe. Tata kanggo
tindak sesuk.
Sesuk
isuk-isuk sanget kaluwargane Doni, budhal menyang omahe Simbah. Nitih montor,
disopiri Bapake Doni dhewe. Kabeh podho sumringah, amarga bunga atine. Nanging
Doni malah mecucu terus. Mulai saka omahe dhewe nganti omahe Simbah. Ora ono
meseme.
Nyampe
daleme Simbah. Simbah wis
ngenteni wonten penirat ngarep. Mudhun saka montor Doni kaget.
“
Ibu daleme Simbah kok sae sanget to, Bu?” ujare Doni bhisik-bhisik menyang
ibune
“
Ibu wingi ngomong opo Cah Bagus. Omahe Simbah wis ora koyok ndhisik.”
“
Ibu, Doni isin sanget. Sampun ujare sek olo-olo marang Simbah.”
“
Yo, mengko nyuwuno ngapuro. Marang Simbah lan Bapak.”
“
Engge Bu.”
“
Simbah…….” Sari nimbali Simbahe kaliyan salaman dhateng Simbah kakung lan
Simbah Putri.
“
Sugeng Rawuh, Isti, Bayu. E, putune Simbah. Sari, Doni“ ujare Simbah Putri
“ Wis tambah gedhe
bocah-bocah saiki. Rupane bagus lan ayu.” Sahute Simbah Kakung
“
Ayo menyang omah. Ngaso dhisik. Banjur ndang mangan. Simbahmu masak opor lan
pitik goreng.” Simbah Kakung nerusake omongane.
“ Asik opor ayam. Simbah
niki semerap mawo yen kulo remen sanget kaliyan opor lan pitik goreng.” Sari atine
tambah bunga Simbah masak panganan kasenengane.
“ Yo wis saiki ndang di lebok ake menyang kamar
barang-barange.”
Bapak, Ibu, Sari lan Doni
banjur mlebet dhateng kamar sing pun di aturi Simbah. Lagi nembeh nglangkahke
sikil, Doni kaget sanget. Datheng lebet
daleme Simbah wonten TV ageng sanget 21”, sisi kiwone ono computer. Doni koyoke
kaisinan karo kaluwagane kabeh.
“ Mbak, daleme Simbah sae
sanget. Wonten TV lan computer.” Ujare Doni
“ Iyo. Don, awakmu kudu nyuwun
ngapuro menyang Bapak, Ibu lan Simbah.”
“ Inggih, Mbak.”
“ Simbah…., Bapak, Ibu!”
Doni mbengok Bapak, Ibu lan Simbahe.
“ Ono opo, Don?” Bapak,
Ibu lan Simbah podho kaget mirengae bengokane Doni.
“ Bapak, Ibu, Simbah, kulo
nyuwun ngapunten. Kulo pun salah sangka menyang Simbah. Kulo kinten daleme
Simbah taksih gedeg, dereng wonten listrik, mboten wonten TV lan computer.
Nyatane kulo salah. Daleme simbah sampun sae. Wonten listrik, TV lan computer.”
“ Ora po-po Cah Bagus.
Awakmu kan
durung tau rene setaun kepungkur wingi. Dadi ora weruh yen omahe Simbah wis apik. Rene-rene
nyedek marang Simbah.”
Doni banjur dirangkul
kaliyan Simbahe.
“ Simbah kulo sayang
sanget kaliyan Simbah.”
“ Nah, Cah Bagus.
Sesuk-sesuk mane mboten pareng elek songko kaliyan tiyang lintu ngge. Mikire
sing sae-sae mawon. Sopo ngerti wong iku mau luwih becik tinimbang awakmu.”
“ Inggih, Bapak.”
Bapak atine bunga sanget,
sumerap polahe putrane sing purun
ngakoni kesalahane lan nyuwun ngapuro.

